Welcome to my small world

Indonesia...
My country,Here I Live and I'll die.....

14 Jun 2011

LEK PARNO

  Cerito iki sak tenane kedadean onong deso tlatah yogya . Kedadean kang gawe guyuku tekan sak prene,nek miturut akal sehat yo ra mungkin kedadean nanging kog yo ono sak wijine priyayi sek ngalami pengalaman kang gawe mesem.

Lek Parno kasebutno,salah sakwijining tiyang dusun kang lugu,saben dinane lek parno nyambut gawe nang sawah dadi buruh tani,nek awan ngarit golek pakan sapi gaduhane saka pak kadus. Lek parno prasasat ra nate mangan bangku sekolah utowo tuna aksara. Sanajan wong bodo nanging lek parno wonge seneng srawung tur enteng tangan biantu marang tonggo teparo.

Sak wijining dino Lek Parno di kon ngeterno sisihane nang puskesmas kang tujuane bakal suntik KB. Lek Parno dino kui gasik trengginas mangkat gasik supoyo mengko sak wise seko Puskesmas biso langsung nyambut gawe. Ndilalah kog nang Puskesmas wae pas dino ramai,dadine antri sik.
Karo tolah toleh lek parno njupuk kertu antrian. Karo ragu-ragu lek Parno lungguh karo sisihane.
Kroso sikile pegel tur linu dengkule karang bar ngobel sepeda seko ngomah tekan Puskesmas kang wetoro adoh. Karo ngetoke udute Lek Parno mbatin," Eh kog yo akeh wong loro yo". Udute banjur di sedot karo kethap kethip mripate ndeleng wong kang podo loyo nang dingklik sak sebelahe.
Ndadakan bu Parno ujar,"Pak aku kebelet tak nang mburi sik yo" karo menyat soko palungguhan.
Lek Parno mung manthuk karo terus wngisep udute.

Ra lek suwe ndadakan bu bidan,nyeluk nomer urutane. Lek Parno mak gragap langsung mbuang udute karo menyat mlebu. Karo deg degan Lek Parno lungguh kursi ngarep bu bidan. "namine sinten pak?" bu bidan ngendiko.  "Parno bu" jawabe karo isih ragu ragu. Karo takon bu bidan langsung masang alat kanggo ngukur tensi darah.  "Hmmm normal pak.,terus keluhane nopo,"pitakone bu bidan.
Lek Parno banjur ujar,"ajeng KB bu tapi sisihan kulo."   
"Wow....kog njenengan sing mlebet niki wau" bu bidan karo kaget.
"Lah wong wau sampean nyeluk nomer niki," lek Parno karo nuduhke nomere.
Lek Parno karo isin banjur ngluyur metu,tekan njobo ruangan sisihane gek bingung-bingung nggoleki deweke.
"Bune ndang mlebu,"Lek Parno karo nyuding arah ruangane bu bidan.
Sing di celuki langsung sumrinthil mlebu. Lek Parno banjur lenger-lenger lungguh dingklik dowo sak ngarepe ruangan karo isih mikir kedadean nembe.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar